Kunci Jawaban Soal

3 contoh purwakanthi (purwakhanti guru swara, guru sastra, lumaksita)?

3 contoh purwakanthi (purwakhanti guru swara, guru sastra, lumaksita)?

Pembahasan

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe iku diarani tembung purwakanthi. Tembung purwakanthi iku miduweni 3 jenis, yaiku Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra, lan Purwakanthi Lumaksita/Guru Basa.

Tembung Purwakanthi Guru Swara.

Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing swarane. Contone :

  • Ora obah ora mamah.
  • Jujur agawe Makmur.
  • Kepengen mujur tur malah ajur.

Tembung Purwakanthi Guru Sastra.

Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing sastra utawa tulisane. Contone :

  • Bobot, bibit, lan bebet iku penting.
  • Garang nanging garing.
  • Sing sapa salah bakale seleh

Tembung Purwakanthi Guru Basa.

Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine. Contone :

  • Kepingin tuku buku, bukune wis entek.
  • Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.
  • Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.
PILIHAN |  Informasi mengenai masuknya agama dan kebudayaan islam di Indonesia antara lain berasal dari seorang musafir terkenal asal Italia bernama

Check Also

Kunci Jawaban Soal

Teknik Apa yang Menggunakan Cat Tebal?

Apakah Anda sedang merenovasi rumah atau ingin memberikan sentuhan segar pada dinding yang kusam? Salah …